Jumat, 09 November 2012

ASAL MULANE DESA KREYO



Konon aran desa kreyo kajukut saka aran klambi kreanta kusuma kang isine tambalan sewu lan nduweni kesaktian,. Lan saka tembung kriya kang tegese kerja,marga kuwi  ndadekake masyarakate pada giat anggone kerja.
 Pusat pamarintahan desa kreyo dipimpin dening mbah Arsajaya ana ing dukuh danasari. Nalika kuwi mbah Arsajaya nyiptaake lahan pertanian kanthi aran” depok” lan disengkuyung dening Kano bango kanthi aran “Sawah gunung”. Saingga nalika seda mbah Arsajaya dimakamake ing pedukuhan Dana sari lan mbah karo bango dimakamake ing tengah sawah gunung.Ora mung kuwi,desa kreyo uga duwe penambangan liya-liyane.Mbah Pasugeran,mbah Mataram,mbah Padhongaguna lan mbah nyai Rantan sari yaiku tokoh-tokoh leluhur desa Kreyo.
Para Bekel (Pemimpin) turun temurun  saka mbah Dongkol,mbah Takwad lan mbah Tarmini. Sawise kuwi nembe wae ana lurah yaiku lurah kanto (nalika penjajahan Jepang ) Soedomo,lurah Damad,Sumarto,Tugimo,Asmu’i,lan nganti saiki yaiku lurah Nuridin.
Desa Kreyo dibagi saka telu pedukuhan/Kadus lan 41 RT yaiku Krajan,Danasari lan wana laba.kang berbatassan sisi lor wana,wetan desa kalimas,kidul kali Srengseng lan kulon desa Mereng.
Mata pencaharian masyarakat desa Kreyo mayoritas Tani (buruh),Pedagang lan Perantauan.

5 komentar: